Gulaganthi

Lagu I: Gulaganthi, pantesa sinjang loka, kampuh kendhala jenggi, adas turawas, jeruk gulung, anom, jeruk gulung mantiyung kabotan mendhung, ewa-ewa, anom, ewa-ewa katela isine mrica, kocar-kacir, anom, kocar-kacir si jaka kakehan pikir, pari mandi, anom, pari mandi mercici pari golekan, sapa ketiban dhenggung, macaa, angidunga, aninong-aninong patra, rokok dawa tali sutra, rokok cendhak tali blarak. Katerangan I: (posisi melingkar) A dumugi H punika upami lare-kare sami linggih sarta nyepengi sela ingkang agengipun kinten-kinten satigan ayam, sela wau ingkang satunggal ageng, inggih punika ingkang minangka kangge dhenggungipun. Lajeng dipun ubengaken nengen, sareng kaliyan ngungelaken lagunipun. Kadosta: a nyukakaken dhateng h, lajeng h dhateng g. Makaten sapituruti[10]pun. Satelasing lagu, (blarak) anggenipun ngubengaken sela kendel. Ing ngriku dhenggung dhawah pundi, upami dhawah c, lajeng c dipun takeni: kembang apa? Upami ‘sekar jambu’, lajeng wiwit lagu malih sarta ugi ngubengaken sela dipun kados ingkang sampun. Makaten lagunipun: Lagu II: Kembang jambu, kembang jambi, C1 oleh guru bantu, guru-guru oraa, tunggangane gajah belang, ali-ali mamanikan, dhik endhik suruh sacandhik, lanang wedok padha methik, nang, nang, suruh sacarang. Lanang wedok padha nginang. Katerangan II: Sasampunipun dhawah pada, (padha nginang),, lajeng wiwit gula ganthi malih. Makaten awongsal-wangsul. Dene kathah kedhiking lare, punika sapurunipun.

Detail Objek Budaya

  • Nama Objek: Gulaganthi
  • Kategori: Permainan Tradisional
  • Alamat: Berbah, Cangkringan, Depok, Gamping, Godean, Kalasan, Minggir, Mlati, Moyudan, Ngaglik, Ngemplak, Pakem, Prambanan, Seyegan, Sleman, Tempel, Turi